Halaman

Senin, 01 Oktober 2012

Makalah Pranatacara




KAPRANATACARAN
Dosen Pengampu : Sri Sukasih, M.Pd.

Makalah menika dipun serat kangge Tugas Mata Kuliah Bahasa Jawa

Kaanggit Dening :

Sugeng Winarno




PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR
FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
TAHUN 2011


Atur Sapala

Puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah dzat ingkang menangka sumbering-sumber ingkang hanyum beri sedaya sumbering ngagesang,dene sampun kepareng anggluberaken kanugrahan ingkang satemah basa jawa menika saged dumados.
Awit saking kepingin caos sumbangsih tumrap lestantunipun piwulang basa jawa,saha mbudidaya piwulangan basa jawa,penyusun gumawantun angracik makalah menika.Ingpangankah mugi-mugi makalah munika saged dados sarana ning pambiyantu tumrap para siswa,supados saged mangaertosi babagan wonten ing pranatacara, sampun paring panyengkuyung dhumateng tim pandhapuk.
Anggenipun ngaturaken rerengganing piwulang kajumbyahaken kalian kawontenan para siswa ing panganggesangan saben dintenipun. Kanthi pangajab sasampunipun nyinau makalah menika parasiswa saged ngetrapaken ngilmunipun saha saged migunaaken pranatacara wonten ing panghargyan lan sanesipun.
Panutuping atur mugi-mugi makalah menika saged migunani tumprap ing sadayanipun.
Nuwun

Semarang, 07 Desember 2011

                                                                                                Pandhapuk



































BAB I
PURWAKA

A.    Wawadaning Perkawis
Saderengipun kita maos tuladha-tuladha gladhen Pranatacara (MC) lan hamedhar pangandikan, mangga ing perangan ngajeng punika kita mangerteni babagan Pranatacara. Kanthi adhedhasar pangertosan lan pengalaman ingkang kedah kita mangertosi utawi sak mboten - mbotenipun kita nggadhahi, sabab manawi anjagekaken tuladha hamedhar pangandikan kemawon, kirang ndadosaken pamareming manah ing tundhonipun. Ngibaratipun menawi kita yasa wisma ingkang sae nanging pondhasi / dhasaring bangunan badhe ambruk, semanten ugi pranatacara, menawi kita namung ngapalaken tuladha - tuladha tanpa hanggadhahi dhasar tundhonipun badhe amanggihaken kuciwaning manah. Pranatacara niku penting di pangerteni amargi babagan iku saged di gunakaken ing kahuripan sedaya ing masyarakat, pramila kita damel makalah niki kangge rencang-rencang saged mangerteni.
B.     Momotaning Masalah
1.      Apa kang di arani pranatacara ?
2.      Kepriye cara micara lisan jejere pranatacara ?
3.      Apa wae babagan kang perlu digatekake dening pranatacara ?
4.      Apa wae cengkorongan pranatacara ?
5.      Apa wae jenisipun pranatacara ?

C.     Ancas
1.      Kagem mangerteni apa kang di arani pranatacara.
2.      Kagem mangerteni kepriye cara micara lisan jejere pranatacara.
3.      Kagem mangerteni babagan ingkang perlu digatekake pranatacara.
4.      Kagem mangerteni cengkorongan pranatacara.
5.      Kagem mangerteni jenisipun pranatacara.


BAB II
WOSING PIREMBAGAN

A.    Pangertosan Pranatacara
Pranatacara, tetembungan punika bakunipun saking tetembungan panata lan adicara, manut bausastra Jawa tembung panata nggadhahi teges ingkang nata. Déné adicara sampun cetha tegesipun. Dados menawi mekaten tetembungan panata adicara punika pawongan ingkang kajibah nata lan ngatur tumapaking adicara wiwit pambuka ngantos paripurna, cekakipun tembung panata adicara punika lajeng kalimrah dipuntembungaken MC (Master of Ceremonnies) utawi pembawa acara.
         Pranatacara uga sinebut pambyawara yaiku paraga kang tumindak minangka panata titi tataning adicara. Ancer – ancer sikep lan tumindake calon pranatacara ing pahargyan mantu yaiku :
a.       Pranatacara mboten kepareng rakus nyahak wenanging paraga sanesipun.
b.      Kedah kersa rembagan langkung rumiyin kaliyan ingkang kagungan kersa,sampun ngantos pranatacara datan rembagan lajeng nesekaken kersa piyambak, ing wusananipun badhe damel cuwa penggalihipun ingkang hamengku karsa utawi ingkang gadhah damel mantu saha nguciwani tumraping para tamu sadaya.
c.       Ngecakaken ukara lan basa ingkang komunikatip.
d.      Ngginakaken tembung ingkang pantes,lan leres.
e.       Sampun pisan–pisan pranatacara nyaruwe menapa malih maido dhateng para paraga ingkang nindaki karya.
f.       Kedah asring gladhen wungsal – wangsul ngendikan ing tatacara menapa kemawon sanajan tanpa pikantuk amplop isi arta.
g.      Saderengipun maraga dados pranatacara kedah siyaga lan gadhah raos rumanti.

B.     Cara Micara Lisan Jejere Pranatacara
Micara lisan ing pasamuan utawa pahargyan kang dirungokake wong akeh kudu duwe cara kang luwes nut kahanan. Supaya bisa nggayuh ngesengsem, lan seger, mula anggone micara nganggo cara micara sing pas. Cara micara ing basa Indonesia sinebut majas utawa gaya bahasa. Dene tembung cara micara ing tembung basa Jawa seng trep padha karo yaiku lelewane basa.
Dene cara-cara micara kasebut yaiku :
1.      Cara micara litotes
Yaiku pamicara nggunakake tembung kang duwe teges luwih asor katimbang nyatane.
Tuladha :
-          “Mangga menawi kersa mampir wonten gubuk kula”. Pranatacara tawa marang sedulure nganten lanang nalika wis rampung pahargyan. Bareng wis mampir tenan,wah! Daleme apik banget.
2.      Cara micara retoris
Yaiku pamicara nyuguhake ukara pitakon ananging ora butuh wangsulan.
Tuladha :
-          “Sanajan penganten kakung mijil saking dhusun menapa wonten kirangipun? dhasar taksih timur, satriya bagus pidekasa, ngasta minangka camat, wasis samubarang tanduk”.
3.      Cara micara repetisi
Yaiku pamicara bolan-baleni tembung ing ukarane.
Tuladha :
-          “Sansaya cedhak, sansaya ayu, sansaya gawe tentrem penggalihe ingkang kakung”. (mbaleni tembung sansaya)
4.      Cara micara sarkasme
Yaiku pamicara ngucapke tembung sindhiran kang kasar banget marang wong sing diomongi.
Tuladha :
-          “Penganten kakung baguse pindha Bathara Kamajaya tumurun ing ngarca pada ora kaya cucuking lampah rupane kaya dagelan ratau payu, dhasare ora tau ados”.

5.      Cara micara infers
Yaiku pamicara ngucapake ukara kang diwalik susunane.
Tuladha :
-          “Dhegdhegan atine,gemeter tindake, nalika dicedhaki garwane”. Nek ora diwalik Nalika dicedaki garwane, atine dhegdhegan ,tindake gemeter.
6.      Cara micara metaphor
Yaiku micara ngucapake ukara nganggo irib-iriban utawa pepindhan.
Tuladha :
-          “Nalikanipun taksih kenya Dyah Ayu Pregiwati minangka sekaring dhusun lan sekaring lathi warga dhusun sakmangke sampun jinatu karma dening anak bagus Raditya”. Tegese kenyah paling ayu sak dhusun dipun iribaken kados Sekaring dhusun.dados reraosan warga saben dintenipun dipun iribaken kados sekaring lathi awit saking ayu lan luwesipun.
7.      Cara micara koreksi
Yaiku pamicara baleni ngucapake ukara kang luput banjur dibenerake ing ukara cedhake.
Tuladha :
-          “Sing dadi manten iki Sumini? Apa ora mbakyune sing jenenge Suminten”.

8.      Cara micara pleonasme
Yaiku pamicara ngucapke ukara mung kanggo gamblangake kahanan barang utawa wong utawa tumindak.
Tuladha :
-          “Sanajan dialang-alangi, dikuncenana, lan dipagerana wong wis padha tresnane tetep dadi jodhone”.
9.      Cara micara alegori
 Yaiku pamicara ngucapake ukara nganggo irib-iriban utawa pepindhan kaya metaphor nanging luwih njlimet nganti saparagrap.
Tuladha :
-          “Penganten sarimbit lenggah ing palenggahan rinengga kadya nata lan prameswari lenggah ing dhampar denta pinalipit kencana kang mawa ratna. Lemek babut sinebaran sari-sarining kembang gananya arum ngebegi papan pawiwahan. Para tamu ingkang rawuh amber ambalabar pindha samodra pasang. Warna-warna busana nipun tinon sakeng mandrawa pindha ajrahing puspita”.
10.  Cara micara euvemisme
Yaiku pamicara ngucapke ukara nganggo basa kang luwih alus.
Tuladha :
-          “Kulana minangka pranatacara mbok bilih wonten kithaling basa, lepat ing wacana, lan solah bawa kirang damel rena penggalih panjenengan,kula nyuwun sih lumunturing samodra pangaksami”. Sing ringkes cekak aos,. . . . . . . kulo nyuwun pangapunten.
11.  Cara micara metonimia
Yaiku pamicara ngucapake tembung wujude jeneng jinising barang nanging ora cetha iku jeneng apa.



Tuladha :
-          “Ojo njaluk Inova,MPV, utawa BMW nek kakunge ora bener-bener kuwagang mudhutake barang sing kaya ngono iku.Wis duwe Supra X ra wis lumayan”.
12.  Cara micara klimak
Yaiku pamicara ngucapake ukara sing tetembungane kantun sayah suwe sansaya munggah kahanane.
Tuladha :
-          “Majua aja mung dhapurmu,kroyoken sakkancamu,banjur sawadya balamu,nek kurang marem sebangsane kethek kaya kowe aku ora bakal wedi”.
13.  Cara micara anti klimak
Yaiku pamicara ngucapake ukara sing tetembungane saya suwe sanasaya mundhun kahanane.
Tuladha :
-          “Wiwit Buyutipun, embahipun, bapak-ibunipun, kangmas lan mbakyunipun sarta adhenipun dados korban bencana alam tsunami”.
14.  Cara micara ironi
Yaiku pamicara ngucapake ukara sing wose kosok balen lire mung kanggo maido utawi nyindhir.
Tuladha :
-          “Kahanan samangke reregan menapa kemawon kok sarwi mirah, la wong regi beras naming sedasa ewu rupiyah sekilo, lenga goreng dumugi wolung ewu rupiyah”.
15.  Cara micara hiperbola
Yaiku pamicara ngucapake ukara sing tetembungane nganggo pepindhan kang krasa banget.
Tuladha :
-          “Wah sesumbarmu kaya bias mecah bumi, ngasatake samodra’.

16.  Cara micara paradox
 Yaiku pamicara nggambarake kahanan kang crah antara kudune utawa lumrahe lan nyatane.
Tuladha :
-          “Bapak-ibune pinter banget,nanging anake bodho-bodho”.
17.  Cara micara personifikasi
Yaiku pamicara nggambarake kahanan barang mati kaya-kaya manungsa.
Tuladha :
-          “Wingi sore Gunung Merapi watuk-watuk,ngetokake wedhus gembel.Kuwi pratandha ora suwe bakal ana bebaya”.
18.  Cara micara antithesis
Yaiku pamicara nganggo tembung kosok balen sajroning ukara.
Tuladha :
-          “Para tamu kakung putri, mudha wredha kula aturi lenggah ingkang sakeca”.

C.     Babagan Ingkang Perlu Di gatekake Pranatacara
1.        Olah swara (teknik vocal)
Babagan panatacara niku ingkang paling penting yaiku swarane uga perlu  merhatike olah swara (teknik vocal) ingkang di bagi dados :
a.       Aksentuasi (accentuation) utawa logat
Pambicara ngagem bahasa baku mboten ngagem dialeg bahasanipun
b.      Artikulasi (articulation) utawa pangucapan
Pambicara kudu saged ngucapaken bahasa jawi utawa bahasa Indonesia kanthi bener mboten pareng salah utawa keliru.
c.       Napas (breath) utawa prana
Pambicara kudu saget ngatur napase supados  pranatacara saged menehi  jeda ing saben ukara . Sikap jumeneng ingkang tegak, nyante, rasukan ingkang mboten ngepas ing raga, sahingga swara lsaged luwih alami.
d.      Intonasi
Intonasi iku kangge misahake ukara koma, titik, titik koma, tanda perintah, tanda tanya supados pambicara saged ngendika kang leres.
e.      Empati utawa kajiwa
Suaranipun kudu di sesuaiken kaliyan acaranipun, menawi acaranipun seneng  mila suaranipun kudu seneng . Lan menawi susah suaranipun kudu lirih utawa susah.
2.       Rasukan Kang Leres
Menawi dados pranatacara rasukan kang di agem kudu rapi, sae, lan sesuai kaliyan acaranipun.
3.       Pangrengga swara (sound system)
Teknologi saged biyantu pambicara ngolah suaranipun sahingga suaranipun saged di miringake kanthi jelas lan banter.
4.       Papan (tempat)
Papan ingkang pas utawa sesuai kangge pambicara supados saged mirsani tamu lan saisinipun panggonan .
5.       Mental
Menawi dados pranatacara kudu nyiapake mental kang kuat supados mboten isin ing ngajengipun tamu-tamu.

D.    Cengkorongan utawa kerangka pranatacara
Bakunipun wedharaning pangandikan kedah urut runtut, cetha pilah pilahipun, satemah isining wedharan saged jumbuh kaliyan ayahan ingkang lumampah. Babaring pangandikan, prayogi kapérang dados tigang (3) perkawis yaiku 
a.       Purwaka
 Inggih punika atur pangandikan ingkang minangka pambuka. Ingkang kalebet ing pérangan purwaka antawisipun :               
·           Asung pakurmatan dhumateng para tamu.
·           Muji syukur wonten ngarsaning Gusti Ingkang Murbèng Dumadi.
·           Ngaturaken gatining ayahan.
·           Ngaturaken reroncèning adicara.
·           Tata laksitaning adicara kawaos saking pambuka ngantos dumugi panutup, lajeng para tamu kasuwun sekéca lenggah, angantu adicara saklajengipun.
b.      Isi utawi péranganing isi ingkang wigati
Iinggih punika wosing pangandikan. Ingkang kalebet pérangan wigati tumrap panata adicara kadosta ngaturaken saben – saben adicara, rikala ngaturaken saben adicara kedah cetha anggènipunngaturaken adicara ingkang badhé lumampah, setunggal mbaka setunggal paraparaga ingkang hanyengkuyung dipunaturi kanthi cetha.
c.       Wasana
Inggih punika atur ingkang minangka panutup. Wondéné péranganwasana, tumrap panata adicara antawisipun ;
·           Nyuwun pangapunten dhumateng sedaya kekirangan saha kalepatananggènipun nindakaken jejibahan.
·           Ndhèrèkaken sugeng konduripun para tamu.
·           Ngaturaken adicara panutup kanthi salam panutup

E.     Jenising Pranatacara
Jenising Pranatacara yaiku :
a.       Atur Pambuka Pranatacara Pasrah Panampining Lamaran
b.      Aturipun Pranatacara Badhe Pambagyaharjo Ing Pahargyan Lamaran
c.       Atur Pambagyaharjo Pasrah Lamaran
d.      Panampi Pasrah Lamaran
e.       Atur Pambuka Pranatacara Wonten Ing Pahargyan Mantu
f.       Aturipun Pranatacara Badhe Upacara Pasrah Temanten
g.      Atur Pambagyaharja.lsp

Gladhen Micara Masrahaken Penganten Kakung

Nuwun, kulanuwun
Assalamualaikum Wr. Wb.
            Kanugrahan miwah sih wilasanipun Gusti Ingkang Maha Tunggal, mugi-mugi tansah sumandha ing jiwangga kita, waradin sagung dumadi, raharjo, niskala, satuhu. Kula kepareng madep awit timbalan kadang kula pambiyawara kinen ngayahi jejibahan masrahaken penganten kakung. Puji syukur konjuk dumateng Gusti Ingkang Maha Tunggal, ingkang sampun paring panuntun dateng kula saparingin panganten kakung saking Dusun Puri, Pati satemah saged sowan wonten papan mriki kanthi wilujeng, nir sambekala.
            Bapak Wijaya sekaliyan ingkang minulya. Para pinisepuh, sesepuh saha para alim miwah para tamu sadaya ingkang kinurmatan.
Ingkang kapisan, kula ngaturaken kabar kabagyan, Bapak Susilo sekaliyan nuwun inggih rama saha ibunipun panganten kakung ugi ngaturaken salam kawilujengan katur Bapak Sunetra sekaliyan.
            Kaping kalih sowan kula hanganthi panganten kakung anakmas Susanto saklajengipun kula pasrahaken dumatheng Bapak Sunetra sakaluwarga lumantar Bapak Harjana Sastra sumangga anggenipun badhe hamiwaha. Kula saha Bapak Susilo sakaluwarga namung ndherek memuji, mugi-mugi pamiwahan menika saged lumampah kanthi rancag, lancer kali sing rubeda.
            Salajengipun waleh-waleh menapa, kula blaka suta, nglenggana, bilih panganten kakung menika taksih cubluk utawi kirang seserepan ing bab ngelmu gesang bebrayan, mula panyuwun kula datheng Bapak Sunetra sakaluwarga, para pinisepuh, sesepuh ing mriki kersa suka paring wewarah amrih gesangipun saged manggih kamulyan.
Mekatan atur kula. Mbok bilih sowan kula sapangiring wonten klenta-klentunipun atur, ugi tandang tanduk ingkang damel kirang rena panggalih kula nyuwun pangapunten. Nuwun. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.




BAB III
WASANA

A.    Dudutan
      Pranatacara, tetembungan punika bakunipun saking tetembungan panata lan adicara, manut bausastra Jawa tembung panata nggadhahi teges ingkang nata. Déné adicara sampun cetha tegesipun.   
      Micara lisan ing pasamuan utawa pahargyan kang dirungokake wong akeh kudu duwe cara kang luwes nut kahanan. Supaya bias nggayuh ngesengsem, lan seger, mula anggone micara nganggo cara micara sing pas.
      Babagan ingkang perlu digatekake Pranatacara yaiku olah swara, rasukan, pangrengga swara, papan lan mental.
      Cengkorongan utawa kerangka pranatacara satemah isining wedharan saged jumbuh kaliyan ayahan ingkang lumampah. Babaring pangandikan, prayogi kapérang dados tigang (3) perkawis yaiku  purwaka, isi lan wasana.
Jenising Pranatacara yaiku atur Pambuka Panatacara Pasrah Panampining Lamaran, Aturipun PanatacaraBadhe Pambagyaharjo Ing Pahargyan Lamaran, Atur Pambagyaharjo Pasrah Lamaran, Panampi Pasrah Lamaran, Atur Pambuka Panatacara Wonten Ing Pahargyan Mantu, Aturipun PanatacaraBadhe Upacara Pasrah Temanten, Atur Pambagyaharja.lsp

B.     Saran

Para siswa kedah ningkataken wawasan lan keprigelanipun ing babagan pranatacara supados mangkeh saged ngtrapaken ngelmunipun saha saged dados pranatacara ingkang sae lan terjun ing masyarakat.
DAFTAR PUSTAKA

1.      Karyoso.2010.Gegladhen Bahasa Jawa. Kabupaten Pati: MGMP








Tidak ada komentar:

Posting Komentar